Senin, 25 Februari 2019

DONGANUK

Mukadimah Poci Maiyah Maret 2019


“AJA WAGU-WAGU NEMEN KEEH. Urip sepisan ka digawe ruwet? Lucu sih donganuk”

Biasane ari ana bahasa daerah, apa bahasa asing nang penulisan, katane mesti digawe atawa dimodel miring, berhubung mukodimah mangsa kiye bahasane tegalan kabeh, apa iya pan digawe miring kabeh? Ndase bae sing miring wis ya? tulisane ta aja. Wis owh, miringna.

Aja kanda ora ilok! Jakwir ka reg-reg, nyedulur ka kakean ngatur, lha wis bisa ngatur awake dewek-dewek belih? Makane nang maiyah laka aturan sing ruwet ora karuan, wong menungsane wis bisa ngatur ati-utek-lakune dewek-dewek ka. Ari ana sing pesam-pesem nganti jiwit-jiwitan, apa maning jejek-jejekan, berarti wis cetem, wis luget. Mesraaah.

Lha bisane judul sing dipilih “DONGANUK”, ora dongkuwe, dongkiye apa dong-dong sem? Lha bisane ora olih, sapa sing ora ngolihna? “KYE MENE KEEH!” jare Wisnu, “kaya melu unjal-unjal, gelar-gelar, krekelan masang banner, nulis, apa ngudek kopi? hambad liiih”.  (aja digugu, wisnu sensitif.)

Kayane pan kabeh akar kata ngapak tegalan esih angel digoleti pucuke, Jawa tapi nganggone vokal “A”, dudu “O”, darani Sunda dijak ngomong bahasa Sunda malah plonga-plongo. Nah, kata donganuk, nduwe kahanan dewek lho. Nang bahasa semi melayu-indonesia, wong panggung nerjemahna kata donganuk pada karo kata kadangkala. (sing dimiringna malah bahasa indonesiane, ajib belih?)

Donganuk nduwe duwit, donganuk nyilih duit.
Donganuk seneng bungah, donganuk nangis nggoar-nggoar.
Donganuk kalem, donganuk pecicilan.
Donganuk cengar-cengir, donganuk mikir nganti kaya pan kentir.
Terus pimen donganuk? Ya anuke kuwe aja dianukna maring anuke kae, wagu sih donganuk.

Donganuk kuwe semesta jarak, antara siji maring loro, mentah maring gemading, kata maring kata liyane, jasad maring ruh, ruh maring nur muhammad, bengi maring subuh, nyengiti maring nyetili, njejeni maring nyenengi, karena tanpa donganuk menungsa bakal bingung, ora bisa mbedakna endi kekarepan karo kebutuhan, endi nyukuri sehat karo nyabari mriang, makane donganuk nyoba diangen-angen keh, aja kakean “dodolan pring”! pringas-pringis ora nggenah.

Lha keprimen, menungsa donganuk kesusu senenge. Kesusu nganggep apa sing dialami diweruhi kuwe gambaran sekabehane. Ana wong jubahan sorbanan danggepe Kyai, ari lagi katokan kaosan wis dudu Kyai. Sih ader ari macul, kudu jubahan karo sorbanan terus?  Apa ari jubahan karo sorbanan mesti Kyai, mbokan baen memang lagi dodolan sorban-peci, karena laka perganane ya dinggo dewek belih, PAHAM BELIH? Angel ow ya maca tulisan sedawa kiye tapi nganggo bahasa Tegalan kabeh? Soalen donganuk pada ora titen sih, dadi robah titik ya rasane kelimpungan, gagal move on!

Danggepe kabeh menungsa kudu kaya kowen, terus kudu nuruti kowen? Sih kowen sapane Gusti Allah? Kabeh duwe jarak, tur ora kabeh niteni perkara kiye, pengene sekarepe dewek, nganggep dewek paling jos sekabehane, padahal ya uripe kaya kuwe-kuwe juga, akeh nggawe salah maring awake dewek karo wong liya juga, compong belih ari kabeh menungsa kudu dipadakna kabeh? Kabeh perkara kudu diserupakna kabeh? Iya bener esensi banyu kuwe H2O, tapi ari bentuke nyair, es, uap apa iya penangane kudu pada? Pan nadahi uap nganggo gelas? Apa mecah banyu nganggo lading? Apa adus nganggo es batu? Pimen sih donganuk, nalare pada mengendi?

Jawa kuwe menungsa kabeh cuaca, pan dibuang nang pucuk gunung nganti pesisir, apa china, arab, korea ya tetap urip, eh dewek getih anyar ding, campuran Jawa-Sunda. Intine ari ora siap karo kabeh kahanan ya remuk kegiles karo zaman.

Wis, sing penting saiki aja isin dadi awake dewek, tapi ora isin ya dudu dadi onggrongan, dudu dadi kadiran, pan kadiran ya pan ngadirna apa coba?  ari angas malah ngko dadi ampas. Laka sing seneng, laka sing mbatiri. Kabeh kuwe urusan ati, atine apik, mikire insya Allah bakal apik. Mikire apik, unggah-ungguh adabe ya bakal apik. Apa maning perkara adab kuwe dudu mung kiroto bahasa tok, dudu mung pasang rai sumringah ari ketemu wong, nyaur utang ya masuke perkara adab, ora nyacadi wong ya juga adab, matur nuwun karo sing nulung nganti syukur-syukur bisa nulung balik ya kuwe adab, dudu malah kas ditulung malah maido, apa maning mentung. Aja ngisin-ngisina Gusti Allah karo kanjeng nabi lhen, menungsa model apa donge.

Dan kabeh kuwe ana jarak. Jarak sing menungsa kudu nggetih nggo ikhtiar, jarak nggo nggoleti tapi ora nuntut nemoni, jarak nggo niteni awal sing penting wicaksana, jarak sing penting atine rampung, ikhlas. Jarak sing kudu maksa mbuang rasa males nggo gerak, gerak, gerak. Jarak itu disebut momentum nggo dedongan dalam setiap laku (nganuk) DONGANUK. Hahaha.


-Lingkar Gagang Poci Maiyah